Ringkasan Cerita Resi Jatayu


Ringkasan cerita Resi Jatayu migunakake Bahasa Jawa

Rahwana saged ngapusi Dewi Shinta medal saking garis kalangan ingkang dipundamel Leksmana, kanthi dumadi pendita ingkang keluwen. Sasampunipun, Rahwana nyaut tanganipun Dewi Shinta. Dewi Shinta mbengok sarosanipun, amargi ing wana mboten wonten tiyang ingkang badhe maringi pitulungan. Nanging ing nginggil pucuk wit, wonten peksi warni pethak yaiku Resi Jatayu. Jatayu menika mitranipun Ramawijaya. Mila Jatayu lajeng ngetuteken Rahwana ingkang nyulik Dewi Shinta. Saking nginggil Resi Jtayu saged ngabruk Rahwana, ingkang dadosaken Rahwana kontal. Rahwana ingkang sampun siyaga saged ngantem swiwinipun Resi Jatayu kanthi sengkleh. Jatayu tatu sanget mila piyambakipun mboten saged dipunslametaken.
Saderengipun tiwas, Ramawijaya kaliyan Leksmana sampun mangertos bilih Dewi Shinta dipunculik Rahwana, amargi Jatayu sampun ngendika dateng Ramawijaya kaliyan Leksmana. Mila Ramawijaya kaliyan Leksmana enggal-enggal nglajengaken lampah madosi Dewi Shinta ingkang dipunculik dening Rahwana.


Mekaten ringkasan cerita Resi Jatayu
Mugi saged maringi manfaat.
Maturnuwun.
 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tugas Bahasa Indonesia Mengulas Puisi Gadis Peminta-minta

Puisi